Monday 29 April 2013

Proses gawe batik



Wah, lagi iseng2 mbuka file2 neng komputer, kok ono artikel carane gawe batik, padahal rumangsaku aku ratau nulis kuwi. dadi kelingan jaman SD mbiyen, aku pengen banget iso gawe batik, gambari kain nggo gambar2 robot, gambar2 jaran, lan liya2ne. Tekan saiki ora kasil2 -___-
Sesuk lah, pokoke kudu ngrasakke proses gawe batik, kaine arep tak gambari rupaku dewe. hahaha.

Lha sing apik, kok artikel sing tak temokke mau nganggo basa Jawa, dadi iki lehku nulis kegawa2 nganggo Jepang (Jawa klolodan lumpang) ha3. yo malah apik to, pisan-pisan :D

Sisan tak posting wae po yo artikele mau? Ho'o wae lah, itung2 nggo ngisi2 blog sing suwe ora tak apdet iki, nganti kebak sawang onggo2. hahaha.
Nah, merga aku ki ora rumangsa nulis artikel kuwi, ora rumangsa ngopi seka internet, lan liya2ne, aku nyuwun ngapunten nek ono penulis asline sing nulis kuwi. udu karepku arep njiplak, soale aku yo ngakoni nek kuwi udu tulisanku. nuwun sewu nggih, mas/mbak penulis. Niki namung repost, nggih itung2 namung kangge sharing mawon, bagi2 elmu :)
yoh, cekidot:


Bathik iku sawijining kegiyatan nggambar cakrik tartamtu jroning kain mori utawa liyane kanthi nggunakake malam lan sarana canthing.
Dene carane gawe bathik iki, miturut sawetara sumber, diwiwiti saka nyepakake kain mori nganti dadi kain bathik.
Kanggo gawe cakrik bathik lumrahe dilakoni kanthi cara tulis tangan nganggo canthing (bathik tulis), nggunakake cap saka tembaga (batik cap), gawe cakrik jroning mesin printing (batik printing), dibordir (batik border).
“Carane gawe bathik iku rada njlimet tur pating clekenik. Akeh ubarampe lan laku sing kudu ditindakake. Sing kapisan diwiwiti saka pamilihan cakrik bathik. Cakrik iki bisa akeh-akehe pesen marang seniman bathik kang trampil ngrekadaya cakrik. Cakrik bathik iki digambar ing kertas lembaran gedhe lan kanggo ngeblat ing kain mori,” piterange Suryo Prawoto, salah sijine seniman cakrik bathik saka Pajang, nalika ditemoni ing daleme.
Saka gambaran cakrik iku, ujare, banjur dicorek ing kain mori. Bubar kuwi lagi dibathikake marang tukang bathik lan sateruse diproses kanthi cara tartamtu supaya dadi kain bathik.
Carane gawe bathik

1. Ngelowong, yaiku nggambari kain nganggo malam. Sipat malam kudu kuwat lan malame gampang dieculake kanthi cara dikerok, jalaran tilas gambar saka malam iki kang bakale diwenehi werna soklat (soga).

"ngelowong"
-gambar saka web kantongseni.blogspot-

2. Nembok, yaiku proses kang meh padha karo ngelowong. Nanging malam kang dianggo luwih kuwat amarga malam iki kanggo nahan werna biru (indigo) lan soklat (soga) supaya ora tembus kain. Bedane karo ngelowong yaiku manawa nembok iku kanggo nahan werna. Dene ngelowong kanggo nggambar lan dadi panggonan werna soklat sawuse dikerok.

"nembok"
-gambar saka sekilasbatik.blogspot-

3. Wedelan/celupan, yaiku proses menehi werna biru kanthi nggunakake indigo kang ditrepake karo tingkatan werna sing dikarepake. Jaman ndhisik mbutuhake wektu nganti seminggu luwih. Sawuse taun 1965, sithik banget wong kang nggunakake indigo. Werna biru iki sabanjure nggunakake werna kimia kang luwih cepet kaya naptol, kang bisa nyepetake proses iki.

"celupan"
-gambar saka blog.lalasabatik-

4. Ngerok, yaiku ngilangi malam klowongan kanggo nyepaki werna soklat. Carane nandhangi kanthi nggunakake cawuk.

"ngerok"
-gambar saka winotosastro-

5. Mbironi, yaiku proses kang dilakoni nalika kain wus dikerok ing perangan-perangan kang dikarepake wernane supaya tetep biru lan putih (cecek), prelu ditutup malam nganggo canthing tulis/biron. Asile supaya perangan iku ora kecemplungan soga manawa disoga.

"mbironi"
-gambar saka winotosastro-

6. Nyoga, yaiku proses nalika kain kang wus dibironi banjur diwenehi werna soklat (disoga) kanthi ekstrak pewarna kang digawe saka kulit kayu, soga, tingi, tegeran lan liya-liyane (zat werna alam).
Kain iku banjur dicelup jroning bak nganti teles sakabehe, banjur ditus nganti garing. Proses iki dibolan-baleni nganti antuk werna soklat sing dikarepake. Lumrahe mbutuhake wektu nganti rong minggu. Nanging manawa nggunakake pewarna kimia (zat werna sintetis) proses iki bisa rampung sedina.


"nyoga"
-gambar saka winotosastro-

7. Nglorod, yaiku proses ngresiki kabeh malam sing isih nemplek ing kain kanthi cara dimangsak jroning banyu umub lan ditambahi banyu tapioka encer supaya malam ora nemplek maneh ing kain.


"nglorod" utawa "ngebyok"
-gambar saka batiktradisi.blogspot-

Nah, sakngertiku bar proses nglorod iki yo banjur dipepe, digaringke. ora mungkin langsung didol to? hahaha. wah, dadi njedul meneh kepenginan gawe batik. ayo, sopo arep ngajari? po arep ngancani gawe? ojo isin, batik iku nggone awakdewe, wis diakoni Unesco PBB. nek udu awakdewe sing nglestarekake njur sopo meneh? opo nunggu negara2 tanggane ngakoni batik iki nggone dheweke? ojo ngasi!

Ayo mbatik! iki lho wis okeh kancane:






Kok koyone serius banget to :)




Foto dhisik hasil karyane..


Apik yo? jaan.. bu Polwan, aku padamu.. :*
Opo arep mbathik nganggo sarana sing koyo ngene ki yo iso. hahaha.




4 comments:

Tanti said...

Lagi nyari dongeng sebelum tidur malah nemu ini. *istigfar*

Syam said...

Rasakno! :/

argo said...

wuedian... aku sing wong peklaongan malah ra ngerti lengkap ttg mbathik.

Syam said...

Wualah, giayamu, wong pekalongan. Ha3.
Wong sempol we